Kamis, 21 Juli 2011

Sejarah Bengawan Solo Versi Jowo


Bengawan Sala utawa dikenal uga minangka Bengawan Solo, iku sawijining kali sing mili saka Gunung Lawu ngliwati provinsi Jawa Tengah lan Jawa Wétan. Bengawan Solo mili ngalor ngliwati tlatah Jawa Tengah, satekané Cepu menggok ngétan liwat Bajanegara sabanjurè tekan Segara Jawa. Bengawan Solo awujud kali sing paling dawa dhëwë ing Pulo Jawa, yakuwi kira-kira 540 kilometer dawané. Sakliyané nduwèni fungsi minangka sarana pengairan kanggoné wrga ing tlatah sing diliwati, tlatah Bengawan Solo kawentar minangka tlatah sing nyimpen sajarah anthropologi kuna. Wilayah Kali Bengawan Solo ambané ana kurang luwih 20.125 km persegi. Saka wilayah Pegunungan Sewu Bengawan Solo mili ngliwati 20 kabupatèn/ kutha. Yaiku 9 kabupatèn ing Jawa Tengah: Wanagiri, Klathèn, Sukaharja, Karanganyar, Bayalali, Sragèn, Blora, Rembang lan kutha Surakarta. Déné ing wilayah Jawa Wétan ana 11 Kabupatèn sing diliwati yakuwi: Ngawi, Magetan, Panaraga, Madiun, Pacitan, Bajanegara, Tuban, Lamongan, Gresik lan Surabaya, saterusé mili tekan Segara Jawa.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar